Pak Menteri PUPR Ngarepaken Dalan Tol Probowangi Cepet Mari, Biso dadi Wujud Ramene Banyuwangi

Pak Menteri PUPR Ngarepaken Dalan Tol Probowangi Cepet Mari, Biso dadi Wujud Ramene Banyuwangi

Banyuwangi, suarapecari.com – Wujud ramene Banyuwangi wes nang ngarep moto, kerono anane dalan Tol Probowangi ambi Jalur Lintas Selatan (JLS), kang arepe dikebut nggarap bangunane ambi pak Menteri Pekerjaan Umum Perumahan Rakyat (Menteri PUPR) Ir. Mohamad Basuki Hadimoeljono, supoyo gancang mari.

Tol ikai di bukak kanggo ningkatno ekonomi utowo lewat tekone uwong hang arep ngelencer neng Banyuwangi. Mangkane, anane tol iki dikarepaken biso nggawe Banyuwangi tambah rame. Maneng kadong dalan iku wes dadi, melakune lebih parek lan lebuh cepet, dadi kadung ono wong liyo arep nekani Banyuwangi, biso cepet heg keneng mancet.

Pak Basuki celukan akrabe Menteri PUPR ngomong, jare arepe nyepetaken mbangun’ne tol probowangi kelendi carane teko Probolinggo biso gadug Banyuwangi, rencanane arep hon garap kiro kiro awal taun ngarep, targete dimarekaken sampek akhir tahun ngarep. Dadi, awal taun rongewu nemlikur dalan tol iki wes biso dilewati montor sampek gadug Banyuwangi.

“Dadine tol iki, mugo mugo biso nggawe ramene Banyuwangi khususe ningkataken ekonomi lan akehe wong liyo hang arepe ngelencer neng Banyuwangi”, omong’e pak Basuki, pas nekani panggonan cagar budoyo Inggrisan,(13/7/2024).

Mugo mugo, dadine dalan loro iku biso gawe Banuwangi tambah maju. Biso nggawekno me’cukule wilayah ekonomi anyar neng Banyuwangi. Dadi arepe neng Banyuwangi heng cumak nompak kapal miber ambie sepor kang duwe pemandangan apik. Tapi, nompak montor lewat dalan tol biso deleng segoro lor ambie selat Bali, lewat jalur kidul utowo JLS, biso deleng peseser kidol, alas meru betiri ambi ndeleng kebon coklat neng Glenmore sampe Kalibaru.

“Hon pastekaken kabeh proyek dalan iku targete mari ngawali taun rong ewu enem likor”, jare pak Basuki coro usinge nang ngarepe lare-lare wartawan. (Gda)